Soal UTS Bahasa Jawa Kelas 5 SD/MI Semester 2

Soal UTS Bahasa Jawa Kelas 5 SD/MI Semester 2


Nama Siswa
: ___________________________
Kelas/Semester
: V (Lima) / II (Dua)
No. Peserta
: ___________________________
Hari/Tanggal
:
Mata Pelajaran
: Bahasa Jawa
Waktu
:















I. Wenehana tandha ping aksara a, b, c, utawa d ing sangarepe wangsulan kang bener!

1.              Karangan kang ngandharake kahanan apa anane arane....
a. Narasi                b. Eksposisi                       c. dheskripsi                     d. argumentasi
2.              Ngarang dheskriptif iku nyritakake kahanan kang....

a. Ditambah-tambahi                                                                           b. Ditambahi penemune dhewe c. digawe becik      d. disawang apa anane

3.              Sawahku ora sepira amba. Antarane mung seprapat hektar.Ditanduri pari wis wiwit kuning. Ukara ing dhuwur kalebu paragraf....

a. Narasi                b. Persuasi                         c. Eksposisi                       d. dheskripsi

WADHUK KALI BENING

Warga ing Kabupaten Nganjuk sish Lor Kulon yen wayah ketiga, kekurangan banyu kanggo kebutuhan saben dina, uga kanggo mbanyuni sawah. Nanging yen wayah rendheng akeh omah, sawah, lan tegalan sing kebanjiran. Mula pamarintah mbangun sawijining wadhuk yaiku Wadhuk Kali Bening. Wadhuk Kali Bening dhumunung ing Desa Petung Kecamatan Saradan. Wadhuk yaiku papan kang disambungkanggo nyimpen utawa mbendhung banyu lan iline diatur.

Wadhuk Kali Bening dibangun dening Bangsa Indonesiag rikala tahun 1970-an.Panggonane ora sepiro adoh saka ratan gedhe. Kira-kira 1,5 km wis tekan panggonane. Kiwa tengene dalan jejer-jejer wit-witan sing katon ngrembuyung lan adem. Sakdurunge tekan wadhuk ana Dusun Petung, warga Dusun Petung nggunakake Wadhuk Kali Bening kanggo golek sandang pangan yaiku njala iwak, banyune uga kanggo ngombe lan mbanyuni sawah.

Saliyane banyu kang lerap-lerap, Wadhuk Kali Bening uga diingoni iwak rena-rena, ana mujahir, nila, kutuk, urang lan liya-liyane. Saben banyune asat warga ing pinggire wadhuk pada njala utawa njaring iwak. Asile yo lumayan, sadina kurang luwih enthuk duwit nganti atusan ewu rupiah.

Ora mung kuwi, sesawangan ing pinggire wadhuk katon ngresepake.Manuk, pada miber lan ngoceh, pereng-pereng gunung katon ijo, nambahi kaendahaning Wadhuk Kali Bening. Mula cocog banget yen wadhuk iki dienggo pariwisata. Malah yen dina ana ing Wadhuk Kali Bening kene.
Kanggo mangsuli  nomor 4-5 adhedasar teks bacaan ing dhuwur

4.              Wadhuk Kali Bening iku ana ing sisih ... kutha Nganjuk.
a. Lor Etan           b. Lor Kulon                                    c. Kidul Kulon                                d. Kidul Etan
5.              Kapan Wadhuk Kali Bening dibangun?
a. Tahun 1928    b. Tahun 1933                 c. tahun 1970                   d. tahun 1945

6.              Papan kang disambung kanggo nyimpen utawa mbendung banyu lan iline diatur diarani....
a. Wadhuk           b. Sawah                            c. Laut                                 d. Kebun
7.              Mas Rudi nggawa bibit rong puluh. Tembung nggawa krama inggile....
a. Mbete                b. Mbekta                          c. mendhet                        d. ngasta
8.              Bapak lan Ibu dereng rawuh saking kantor. Tembung rawuh ngokone....
a. Nggawa            b. teka                                  c. tuku                                 d. lunga
9.              Simbah lara mripat, mula ora lunga. Ukara iki yen disalin nganggo basa krama alus....


a. Simbah sakit mripat, mula ora tindak.              c. Simbah sakit soca, mula ora kesah.
b. Simbah gerah soca, mula ora tindak.                d. Simbah gerah mripat, mula ora tindak.


10.          Mbak Rina dipun utus ibu mundhut jampi. Ukara iki yen disalin nganggo basa ngoko....


a. Mbak Rina dikongkon ibu tuku jamu.              c. Mbak Rina diutus ibu tuku jamu.
b. Mbak Rina dikengken ibu tuku jamu.              d. Mbak Rina dikengken ibu mundhut jampi.


11.          Mbak Rini kuwi pancen ayu, pakulitane kuning langsep, rambute....
a. Ngandhan-andhan                                      b. Brintik                            c. lurus d. ketel
12.          Mas Sutrisno pundhake...mula yen nganggo jas katon gagah.
a. Nraju mas        b. Mbarak sempal          c. nggandewa pinentang            d. mokong gangsir
13.          Dhik Sinta untune miji timun, la yen drijine....
a. Blalak-blalak  b. Mucuk eri                     c. ngudhup mlathi         d. nggedewa pinenthang
14.            Gareng iku tangane ceko, sikile pincang. Tangane  ceko,sikile pincang kalebu tembung....
a. panyandra       b. panyendhu                   c. pepindhan                     d. parikan


15.          Ing daerah jawa tengah ana bocah sing ...asli saka lahir. Golekana tembung panyendhune.
a. Rambut gimbal                                                             b. Rambut ngandan-andan        c. drijine mucuk eri     d. untune miji timun
16.          Manuk emprit , menclok godhong tebu.Dadi murid sing sregep ....
a. Pinter                 b. Sinau                               c. mbantu                                           d. nyapu
17.          Bocah dhampit kuwi sing putri ayune kaya Dewi Ratih, dene sing kakung baguse kaya....
a. Raden Janaka                                                                                                                b. Raden Gathutkaca  c. Bathara Kamajaya             d. Raden Nakula
18.            Reni yen joged katon gandhes  luwes, kaya....
a. Sapi                    b. Dewi Srikandhi         c. merak kesimpir                           d. bantheng ketaton
19.          Ibuku saben esuk polahe kaya....
a.  Gabah den interi                                         b. Mbanyu mili                c. merak kesimpir           d. bantheng ketaton
20.          Bulik Siti anake lara weteng, ukara iki yen disalin nganggo krama alus....
a.  Bulik Siti putrane lara weteng             c. Bulik Siti putranipun gerah madharan.
b.  Bulik Siti anake sakit weteng.            d. Bulik Siti pnutranipun sakit madhara
21.          Adhik dikongkon bapak nyilih pacul.Ukara iki yen disalin basa krama alus sing bener....
a.  Adhik diutus bapak nyilih pacul.       c. Adhik diutus bapak ngampil pacul.
b.     Adhik dipun utus bapak ngampil pacul.    d. Adhik dipun utus bapak nyilih pacul.
22.          Ibune Roni mboten mrene amargi lara weteng. Basa Krama alus sing bener kanggo ukara iki....
a.    Ibune Roni mboten mriki , amargi gerah padharan.  c. Ibune Roni Ora mrene, amarga gerah padharan.
b.  Ibune Roni Ora mrene, amargi sakit  padharan.         d. Ibune Roni Ora mrene amarga sakit  padharan.
23.          Simbah kala wingi gerah untu , mila mboten sida tindhak.Basa krama alus sing bener kanggo ukara iki....
a.      Simbah kala wingi sakit waja, mila mboten tamtu tindak.
b.       Simbah kala wingi sakit untu, mila mboten tamtu tindak.
c.       Simbah dhek wingi gerah waja, mula ora sida tindak.
d.      Simbah kala wingi  gerah waja, mila mboten siyos  tindak.
24.          Bulik Partin rawuh nggawa oleh-oleh jeruk kaleh gula. Basa krama alus sing bener kanggo ukara iki....
a.      Bulik Partin rawuh ngasta oleh-oleh jeruk karo gula
b.       Bulik Partin rawuh ngasta oleh-oleh jeram kalih gula
c.      Bulik Partin teka ngasta oleh-oleh jeruk karo gula
d.      Bulik Partin rawuh ngasta oleh-oleh jeruk kalih gula

25.          Pak Lurah kandha, yen arep lunga kantor pos. Ukara iki yen disalin basa krama sing bener....

a.      Pak Lurah ngendika, yen badhe kesah kantor pos
b.       Pak Lurah sanjang, yen badhe kesah kantor pos.
c.      Pak Lurah ngendika, menawi badhe tindhak kantor pos.
d.      Pak Lurah sanjang, menawi badhe tindhak kantor pos.

Pekarangan Sekolahku

Pekarangan sekolahku ana ing sak mburine sekolahan. Amb ane kira-kira 7 meter x 45 meter. Pinggire mubeng ditanduri wit luntas minangka kanggo pager.Tengahe kebun ditanduri rena-rena, ana gedhang, jati, pelem, nangka, lan liya-liyane. Gedhange wis awoh, peleme wis pada tuwa meh ngundhuh, jatine wis gedhe sak rangkulan. Ngisore kena dienggo sinau bocah-bocah nalika ngaso.
Kanggo mangsuli nomer 26-30 adhedhasar wacan ing dhuwur!
26.          Wacan ing dhuwur kalebu jenise wacan....
a. Narasi                b. Dheskripsi                                                    c. eksposisi                                        d. argumentasi
27.          Ing ngendi panggonane pekarangan sekolah iku....

a. Mburine sekolahan                                        b. Ngarepe sekolahan        c. sampinge sekolahan           d. adoh saka sekolahan
28.          Apa wae sing ditandur ing pekarangan sekolah iku....
a. Pari,dele jagung lan nangka                                   c. Jagung,dele, gedhang lan nangka
b. Gedhang,jati , pelem lan nangka                                         d. Pari, gedhang ,gedhang lan nangka
29.          Pira ambane pekarangan sekolah iku....
a. 7 x  40 meter  b. 7 x  45 meter                               c. 5 x  30 meter                               d. 6 x  35 meter
30.          Wit apa sing ditandur minangka kanggo pager?....
a. Kenikir              b. Luntas                                            c. telo                                                   d. kates

MANGSA RENDHENG
Saiki wis wulan 11, saben dina ana udan . Udane katon deres. Mula kena diarani wis mangsa rendheng.
Para among tani padha bungah atine, amerga wis wiwit nandur ana ing tegalan.Tandurane wis katon ijo royo-royo.

Para among tani uga wiwit nggarap sawahe. Sawah dilebi banyu. Supaya banyune isa Mandhek ing kedhokan. Among tani padha ndandani galeng sing rusak. Sakliyane kuwi uga nyepakake bibit lan rabuke. Sawahe diratakne supaya gampang ditanduri. Ana sing ditraktor lan uga ana sing dikrakal utawa dipaculi.

Supaya banyune sedhengan ora kurang ya ora kagungen para among tani kudu bisa ngatur irigasine. Sawise kuwi lagi nyebar winih.Watara selawe dina winih bisa didhaut lan ditandur.Sadurunge ditanduri, lemah sing wis dadi garapan diwenehi rabuk supaya uripe tanduran mau apik.Ora mung dirabuk, obat-obatan uga dicepakake. Dadi supaya bisa panen kanthi becik sawahe kudu diopeni.


Kanggo mangsuli nomer 31-35 adhedhasar wacan ing dhuwur!

31.          Among tani padha ndandani galeng sing rusak. Tembung galeng tegese....


a. dalan banyu    b. papan gawe winih                    c. watase sawah              d. papan gawe nandur pari
32.          Mangsa sing saben dina udan diarani mangsa?....
a. Mangsa panen                                                               b. Mangsa ketiga            c.mangsa rendheng       d.mangsa  woh-wohan
33.          Supaya banyune sedhengan ora kurang ya ora kagungen para among tani kudu bisa ngatur irigasine.


tembung irigasi tegese.....
a. iline banyu      b. mandeke banyu                         c. dalane banyu               d. banyu mili


34.          Piye carane supaya banyu bisa mandheg ing kedhokan ?
a. ndandani galeng                                                          b. ndandani tangkis      c. gawe papan winih     d. ditanduri pari
35.          Pirang dina winih bisa didhaut lan ditandur?

a. Selikur dina

b. Telulikur dina
c. patlikur dina
d.selawe dina
36.


Yen disalin latin yaiku….


a. bathara narada lara lapa
c. bathara naradya lagi tapa

b. batara narada lagi pasa
d. bathara narada lagi tapa
37.


Yen disalin latin yaiku….


a. badu lara waja kiwa
b. banu lara waja kuwi
c. badu lara waja kuwi
d. banu lara waja kiwa
38.
Yen disalin latin yaiku….



a. kakak lara waja

b. kaka napa lara
c. kakak napa lara.
d. kaka lara waja
39.

Yen disalin latin yaiku….



a. banu dhahar sate

b. banu dahar saté
c. banu dhahar saté
d. banu dahar sate
40.

Yen disalin latin yaiku….



a. budhe dhahar tebu
b. budhé dahar tebu
c. budhé dhahar tébu
d. budhé dhahar tebu
41.

Yen disalin latin yaiku….



a. banu dhahar sate

b. banu dahar sate
c. banu dhahar saté
d. banu dahar saté
42.


Yen disalin latin yaiku….


a. aku mangan lawuh gulé
c. aku madang lawuh gulé

b. aku maem lawuh gule
d. aku dhahar lawuh gule
43.          Dewi iku kancanĂ© wati. Yen disalin aksara jawa yaiku….



a.


c.




b.



d.



44.          Adhik seneng jajan coklat. Yen disalin aksara jawa yaiku….



a.



c.





b.



d.



45.          Aku maca bahasa jawa. Yen disalin aksara jawa yaiku….





a.




c.





b.



d.



46.          Budi tuku tahu. Yen disalin aksara jawa yaiku….


a.                               b.                                                c.                                                   d.

47.          Adi mangan tapĂ©. Yen disalin aksara jawa yaiku….


a.                               b.                                                c.                                                    d.

Aja padha kaya kurawa. Yen disalin aksara jawa yaiku….

0 Response to "Soal UTS Bahasa Jawa Kelas 5 SD/MI Semester 2"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel